Jumat, 13 Juni 2014

Cerkak Isih Ana Esuk



 Hai Sobat, matur nuwun sudah mampir ke blog saya... Kali ini saya posting cerkak (cerita cekak) yaitu cerpen bahasa jawa. Awal membuatnya sih pakai bahasa Indonesia, lalu baru diterjemahin. Silakan membaca ^_^
Isih Ana Esuk
                Duit sepuluh ewu rupiah ning tanganku isih takgenggem kuat. Aku pancen kuwatir yen dhewekke bakal tibo. Iku dhuwit paling gedeh angkane sing tau tak tampa sajrone uripku. Kanggo sepisan kaline, Lik Sarmi, uwong sing paling tak sengiti, menehi kanggo aku.
                Kanthi langkah manteb, aku melu pak Dhe Usman sing mlaku ing jejerku. Rasane entheng, senajan tas sing isine potongan klambiku iku kerep mlorot, ora ngurangi semangatku.
                “Kenapa, Rip, Kene pakdhe sing gawakke,” ngendikane pakdhe. Aku nggeleng. Langkahku tak tegap-tegapke. Aku nyoba nuduhake yen aku bisa nggawa dhewe. Dene pakdhe malah uwis gawa tas sing luwih gedhe sing isine barang keperluanku sing macem-macem.
                “Delokno Rip, kae kanca-kancamumu mengko. Nah akeh to, Tak delengke bocah-bocah sak umuranku kuwi padaha dolanan. Ana sing ngeruk lemah, nandur tanaman, lan nyirami kembang. Aku banjur mesem.
                Saben esuk la sore iku pagaweanku sing wis ora asing. Nyapu lan nyirami tanduran dhewe ing pekaranganne Lik Sarmi sig amba kae. Kesel kuwi wis mesthi.Apa meneh ana rong uwit palem gedhe. Kaya-kaya ora ngolehke aku mungkasi pagaweanku. Durung meneh banyu pirang-pirang sing kudu tak usung kamggo nyiram kembang-kembang koleksine Lik Sarmi sing akeh.
                “Ayo Rip, iku daleme Pak Syamsul” ngendikane pakdhe nggoyahke lamunanku. Aku lan Pakdhe mlebu ing platarane omah cilik iku. Ing jejere ana omah gedhe sing akeh ruangane kaya sekolahan.
                “Rene Rip, salaman dhisik karo pak Syamsul,” ngendikane pakdhe. Tak tampa uluran tangan bapak iku. Eseme ngembang, netrane kang teduh, lan pasuryane kang grapyak, agawe aku ora kiku meneh.
                “Sapa jenengmu, Le, anak pinter?’ takone Pak syamsul.
                “Urip, Pak. Nami kula Urip Sumaharjo,” wangsulku.
                “Kepriye, Le. Gelem to manggon neng kene? Sesuk esuk kowe wis iso melu sekolah,” ngendikane Pak Syamsul.
                “Oh sekolahe sing sisih mrika niku, Pak?” takonku sambi nunjuk omah gedhe iku.
                Pak Syamsul lan pakdhe Usman mesem, “Dudi, iku kamar asrama ing kene. Sesuk kowe  sekolah diterke Mas Gunawan. Gun, Gun!”
                Ora suwe uwong sing duwe jeneng kuwi mau banjur teka. Dhewekke segedhe Mas Imam, putrane pakdhe Usman sing ragil. Aku banjur ngetutke melu Mas Gun arep neng kamar.
                “Sedela, Rip. Sisan, pakdhe arep bali sikik. InsyaAllah, sesuk rene meneh karo Mas Imam. Urip ora nakal yo?” ngendikane pakdhe. Aku nganggu banjur tak sayang astane pakdhe. Aku weruh ana iluh ing sudhut netrane. Aku ora ngerti, apa kang dadi sebabe dhewekke sing wis sepuh isih bisa nangis. Aku wae sing arep sekolah, yen nangis ndelik-ndelik lan ora nyuwara. Aku reti, yen aku keconangan nangis ing ngarepe Lik Sarmi, mesthi aku bakal ditempelengi luwih seru meneh.
                Sakwise shalat Magrib, aku sinau iqra bareng Mas Gun. Aku isih nganggo sarung lan pecis sing anyar iki. Wingi ditukokke budhe Usman kanggo aku. Persis nduwekke mas Dimas putrane Lik Sarmi sing bar dikhitan sasi wingi, Uga mirip sing dinggo Mas Imam yen mimpin sholat berjamaah biasane.
                Tak eja huruf-huruf arab iku kanthi lancar. Pujia sing dilontarke Mas Gun nambah semangatku.
                “Urip wis pinter genea. Dhilit meneh mesthi wis bisa maca Al-Qur’an. Urip sing ngjari sapa takonne Mas Gun.
                “ Mbak Laila lan Mas Imam, putra-putrine pakdhe Usman sing ngeterke aku mau,” jawabku. Mas Gun banjur takon meneh, Apa kowe manggon neng kana?”
                “Mboten, pakdhe Usman iku tetanggane Lik Sarmi. Nanging aku kerep rana. Keluwargane pakdhe Usman tiyange padha katon apikkan. Aku kerep diwenehi roti lan digawekke teh lan susu.”
                “Ing ngomahe Lik Sarmi Urip ora oleh ngombe susu?”
                “Mboten, kan kangge Mas Dimas. Daging lan endog uga ora oleh dimaem, mangki ndak gatel-gatel. Tapi yen Mbak Laila menehi, aku ya gelem maem, hehe...”. Tak deleng Mas Gun banjur mesem. Tak teruske lehku crita.
                “Mas Gun iku mirip Mas Imam lho. Mas Imam iku uga ngajari aku nulis lan moco.”
                “Urip ora disekolahke Lik Sarmi?”. Aku nggeleng.
                “Lik Sarmi durung anmpa dhuwit saka Simbok. Mengko yen Simbok wis bali seko Malaysia, Urip bakal disekolahke.”
                Esemme Mas Gun tambah kentara. Nanging aku ora peduli. Bagiku Simbok wis oran penting meneh bagiku. Toh, aku sesuk wis bisa sekolah.
                Mas Gun lan liya-liyane uwis padha turu. Aku mung ndhelegke sambi ngapalke jeneng-jeneng kanca-kanca anyarku iku. Toni, Dedi, Lukas, Agus, lan Ari. Kabeh kancaku iku apikkan, beda banget karo Mas Dimas, wis nakal, seneng ngrebuti, lan ngandani sing ora bener karo Lis Sarmi supaya aku diseneni lan ditempelengi. Mas Dimas uga kerep njotosi aku.
                Saiki, pikiranku isih cethek, ora njangkau kedadean sing wis suwe. Mau esuk aku isih maem bareng karo Lik Sarmi lan putrane iku. Sing tak ngerteni, ora suwe wingi budhe Usman lan Lik Sarmi uring-uringan.
                Budhe karep yen aku manggon ning omahe, dene Lik Sarmi ora karep. Dhewekke isih sanggup menehi papan lan sandang kanggo aku. Nanging jarene aku iki sing bocah nakal ora bisa diatur. Mergane dhewekke pingin mbalekke aku ning asrama Pak Romo. Yen Lik Sarmi bisa mbalekke aku ing asrama iku, kenapa aku ora luwih becik disekolahke wae. Aku dadi ora paham. Jarene Lik Sarmi aku kerep gawe kelakuan sing ora becik. Wayah kae, pancen bener, nangin ora kabeh aku sing gawe perkara. Endra kancaku ing asrama ngomongke yen aku iki anak haram. Simbokuku kuwi uwong sing ora becik. Wayah aku lair, simbokku ninggalke aku ing persalinan, banjur sing ngrawat aku iku Bu Yuna, pegawe asrama Pak Romo. Ibuku nglairake aku seko Bapa sing dadi majikkane. Hubungane Bapak iku lan pasangane marai dadi brubah. Aku ora trima. Dewekke banjur tak tempelengi. Dadine kala iku aku banjur digawa bali karo Lik Sarmi.
                Ing ngomah Lik Sarmi bagiku ora bedo keadaane ora bedo. Perlakuane Lik Sarmi kanggo aku ora bedo ing asrama, dhewekke keras lan pilih sih. Tangga teparo ngomong yen Lik Sarmi iku gelem nguripi aku merga dhuwit Simbokku sing amben sasi dikirim. Nanging aku ora ngerti bab masalah kuwi. Bagiku, aku mung butuh kasih sayang sing mesthi tak entukke kaya bocah-bocah sing isih cilik liyane.
                Ing Suatu Wengi Lik Sarmi ngajak aku lan Mas Dimas menyang pasar malem. Kamonko kui sepisan kaline Lik Sarmi ngajak aku dolan metu ing pasar malem. Rasane Lik Sarmi luwih becik dina kuwi daripada biasane.
“Rip kono dedolane milih sing mbok karepke,” ngendikane Lik Sarmi wayah iku.
                Aku seneng, aku dolanan dan mayeng-mayeng. Dumadakan Lik Sarmi mbeluk aku, kandhane yen dhewekke arep tuku gorengan dhisik karo Mas Dimassedhela, aku dikongkon nunggu ing papan kuwi lan ora lunga-lunga. Nanging wis sak jam, rong jam, telung jam , lan sak teruse nganti pasar malem arep bubar Lik Sarmi durung bali-bali. Aku uwis muter-muter lan aku ora nemokke Lik Sarmi. Aku uwis tetakon sakeh uwong yen mbok menawa ana sing ngematke ciri-ciri klambi lan pawakane Lik Sarmi, nanging ora ana uwong sing ngerti. Aku wedi banget kala iku, kepriye yen Lik Sarmi pancen ninggalke aku neng tempat rame iki supaya ana uwong sing nemokke aku banjur diupakara. Aku nangis lan aku wedi, kayata ora ana uwong sing peduli karo aku. Apa bener yen Lik Sarmi saktegane kuwi ninggalke aku ing papan sing aku ora reti dalan bali mulih iki.
                Ing tengah tangis la keresahanku iku dumadakan ana uwong lanang ning ngarepku lan mbeluk jenengku. “Rip, kowe kenapa kok nangis? Kok kowe mung dhewe neng kene”. Aku ngangkat sirahku lan aku banjur langsung ngrangkul uwong kuwi, aku lega banget yen isih ana uwong sing ngenali aku neng kene. Uwong kuwi mau Mas Imam, dhewekken banjur gawa bali muih aku lan tak critakke kabeh pengalaman sing bar tak alami iku.
                Saktekane ing ngomahe Lik Sarmi bukane aku ditangisi mergo wis kelalen ditinggalke, ananging aku malah disalahke. Kandhane yen aku iki ngeyel banget, lan seneng mayeng-mayeng adoh seko Lik Sarmi. Dhewekke uwis muter-muter nggoleki aku ora ketemu, bahkan wis alapor karo pusat pengumuman. Ananging kabeh hasile nihil, banjur dhewekke bali mulih sambil nangisi yen aku ora ketemu. Kanyatane kala kuwi aku ora lunga neng endi-endi sakwise Lik Sarmi ninggalke aku. Ngerti kandhane Lik Sarmi kaya mangkono karo pakdhe Usman lan keluwargane, aku mung meneng mbatin yen kabeh kuwi ora bener.
                “Mbok, kowe neng endi? Mbok, aku kangen Simbok,” pangarepku kanthi iluh netes ing pipiku. Dumadakan Mas Imam tangi. “Rip kowe kenapa nangis, iki wis wengi banjur gek turu, sesuk wis menyang sekolah. Aku ngangguk banjur mapan turu.
                Bagiku cukup semene anggonku leh lara lan ngridukke katresnanan. Aku ora reti apa sing bakal kedadean mengko, sesuk lan saklanjute. Apa Lik Sarmi sing sifate isih padha iku bakal njupuk aku meneh utawa aku cukup ngrasa tentrem ing papan anyar iki, aku ora reti. Pangarepku mung isih ana esuk yen kanggo ulah kabecikan ing uripku iki saklanjute.

1 komentar:

wanetaocasio mengatakan...

Is the casino online and mobile rigged? - Dr.CMC
The best casinos on the web, mobile & casino app, and casino 전주 출장안마 app is available 서산 출장안마 for 제주 출장샵 free. They accept 동해 출장안마 Visa or 충청북도 출장안마 MasterCard. Visa or Mastercard.