Jumat, 13 Juni 2014

Cerkak : Bangga Dhumateng Ibu



Oleh : Mahaz3
                Ayu, putih, dhuwur, lan langsing kuwi  anggepan sing wis diakui menungsa dadi sawijining sing endah. Ananging anggepan iku mau bakal ilang sakkejap yen wis dibandingke karo tulusing ati sing paling jero, seko ati sing paling mulyo, seko atine tiyang kang jenenge ibu.
                Yen reti ibuku, kowe mesti ora percoyo karo aku. Ya... wiwite aku ora bangga karo ibuku mergo dhewekke ora ayu kaya ibune kanca-kancaku. Iyo wae, ibuku uga ora mirip karo aku. Kulitku putih, dene ibu kulite ireng. Pawakanku dhuwur, dene ibuku ora cendhek. Rambutku lurus, dene rambute ibuku mlengkung ora aturan. Irungku mancung, dene ibuku ora mancung, ning ya ora pesek. Sekeh uwong kandha yen aku luwih mirip bapakku. Ya. Bapakku duwe kulit sing putih, resik, pawakan gagah, dan pasuryane endah.
                Aku kadang ora ngerti kenapa bapak milih ibu dadi garwane. Tak pikir, bapak mesti akeh sing nyenengi neng ngendi-endi. Walupun  aku uga sempat kepikiran yen kudu matur nuwun karo ibu sing wis nglairake aku neng donya iki lan aku bisa ngrasakke nikmat dadi anak tunggal. Aku tau kepikiran arep usul karo bapak supaya nggawa ibu ning dokter kecantikan. Yen perlu, ibu bisa dipermak dadi ayu. Iku supaya awakdhewe bisa bangga yen mlaku bareng.
                Yeah... aku ora bangga karo ibuku! Apamaneh, ibuku dudu wong wedhok sing supel lan aktif kaya ibune kanca-kancaku. Tau ing suatu dina, nganti nakale, aku takon karo bapak, “ Kenapa bapak milih ibu?”, “Ibumu wong wedhok sing becik atine” wangsule bapakku.
                Nanging, aku tetep ora bangga karo ibuku meski bapakku kandha kaya ngono. Ibu pancen wong wedok sing becik banget. Aku justru bangga karo bapakku sing dhuwe usaha sukses lan mesti nukokke apa sing tak pingini.
                Menurutku, ibuku ora tau dhuwe panjalukkan apa-apa karo bapakku. Padahal yen ibukku gelem, dhewekke bisa tuku apa wae sing disenengi, kaya ibune kanca-kancaku, sandhang sing apik, lan lunga ning salon supaya tambah ayu. Anehe, ibu blas ora tahu nglakoni. Aku tau takon karo ibu kenapa dhewekke ora tau dhuwe panjalukkan karo bapak. Ibuku mung mangsuli, “ Kanggo ibu, weruh kowe karo bapak seneng iku uwis cukup”. Ahh... kadanga aku orang ngerti kenapa dheweke dhuwe pikiran kaya ngono.
                Aku pancen ora bangga karo ibuku nganti suatu kejadian aku rungu yen bapak wis nikah karo uwong ayu sing dadi kanca kerjane. Wiwite, aku mangkel rungu kaya ngono. “iki kabeh mergo ibu ora ngerteni bapak, dadine bapak  kepincut karo wong wedhok liya”, bengokku karo ibu.
                Aku weruh tingale ibu mbrambangi, nanging ibuku orang nangis. Ibu nunjukke ketabahan sing luar biasa. Justru aku sing nangis. Aku wedi yen bapak bakal nggawa lungo wong wedhok iku dan ninggalke aku lan ibu. Aku wedi ten aku dadi anak terlantar  kaya sing ta rungoni seko critane kanca-kancaku sing bapakke nikah maneh. Wayah kuwi, aku mangkel banget karo ibuku.
                Wis pirang-pirang dina aku ora ketemu karo bapak. Kayakke, bapak ora mulih neng ngomah. Nanging, aku weruh ibuku wae ora gusar. Ibuku nyeraki aku ing kamarku lam ngelus rambutku.
“ibu reti yen kowe sayang banget karo bapakmu, nganti-ngati ngluwiku kowe sayang ibu. Ibu reti yen kowe bangga banget karo bapakmu dadine rasa banggmu neng ibu wis ilang. Nanging, wiwit kowe isih cilik, Ibu tresna banget karo kowe. Ibu uga tresna banget karo bapakmu. Nganti-nganti ibu wis siap yen kejadian iki bakal kedadean. Ibu wis tau kepikiran yen suatu dina mengko, paling wae bapakmu bakal nikah karo wong liya sing luwih ayu seko ibu. Pancen, ibu ora ayu, nanging ibu reti yen bapak uga tresna lan kelingan ibu. Ibu nganggep kowe wong loro iku kebanggan uga ujian ketabahan bagi ibu.” Awale aku ora ngerti kenapa ibu kandha kaya mangkono. Aku terus nangis.
                Kedadean nikahe bapak karo wong wedhok iku agawe uripe keluargaku dadi brubah ora kaya biasane. Kupingku terus-terusan dijejeli grenengan-grenengan. Sekeh uwong kandha yen ibuku iku ora duwe hargga diri soale gelem dimadu. Lan bapakku inu bapak sing kurang ngajar, uga aku ibu bocah sing mesakke. Atiku perih, lara banget. Uwong-uwong ora reti yen saya suwe dhewekane nggrenengi keluargaku, aki dadi saya sadar yen aku duwe ibu sing pancen pantes dibanggakke. Nanging, sempat ana ing benakku, kepiye dadine yen ibu milih cerai karo bapak? Aku bakal dadi anak pitik sing kelangan babone. Pas aku lagi nangis mergo rasa lara, pas kuwi aku weruh ibu sujung ing sajadahe.
                Bapak wis ora nggemateni aku lan ibu. Bapak akhire bener-bener digawa lunga wedhokan iku, sing akhire aku reti jenenge Tina. Kebanggaanku karo bapak wis pudar lan kekagumanku karo ibu saya kuat. Ibu ora tau ngeluh sak lungane bapak. Ibu malah mesti ngandani aku supaya ora nyengiti bapak. Aku saya tentrem karo keteduhan sing kepancar saka pasuryane ibuku, bahkan saya suwe aku ngrasa ora ana gunane mangkelke sing wis kedadean iku kabeh.
                Aku bangga karo ibu soale kenyataane dhewekke nduweni kecantikan sing kepancar saka penggalihe. “ Bi, sapa ngomong yeng aku ora bangga dumateng ibu? Aku bangga banget dhumateng panjenengan. Aku ora isin duwe ibu kaya panjenengan. Aku bangga karo keputusane ibu, apa wae iku, lan aku ping sak donya iki reti yen kowe pancen ayu,” batinku sambi mandang ibu sing lagi njahit sandhangan kanggo nguripi awakkedhewe wong loro.

Tidak ada komentar: